Banyumas dina kiye padang jonngrang. Klambi karo clana sing durung pada garing awit wingi amargo udan bae bisa dipeme maning. Bocahan pada seneng bisa dolanan ning dina prei. Wong tua ngajak preinan bocahan. Jaman saiki dunya bocah cilik beda banget karo jaman cilikanne inyong. Biyen, cilikan inyong dolananne maring kali, sawah lan dolanan sing bisa ngetokna kringet. Jaman siki inyong ndeleng, dolanan bocah cilik wis luar bias. Mbahe bae ora bisa dolanan laptop, HP, bocah cilik saiki wis canggih. Kadang mbahe dewek diwarahi putune yen arep nganggo HP, wong tuane bae kalah lincah yen dolonan game-game an.
Yach, kayak kuwe jaman saiki. Jere, akeh sing ngomong jamane wis akhir. Kaya pepatah jawa, kebo nyusu gudel...
Nuwun.
Kakang Malik
No comments:
Post a Comment