Monday, January 21, 2013

Jebule inyong ngimpi..

Dinane wis wengi bangi. Hawane adem, inyonge wis arip banget. Kaya biasane inyong langsung nglosor ning amben,ngerti-ngerti wis turu. sak jeroning turu inyong ngimpi. Ngimpine kaya kiye : esuk-esuk kaya biasane inyong njujugna bojone ning pertelon gede. Ning pertelon gede kuwe, bojone inyong nunggang bis maring kantore deweke. Bojone inyong ngode ben dina, mangkat esuk bali sore. Bar njujugna bojone, inyong langsung motoran arep ngode. Tekan kodean, ramane langsung nyodorna surat dinngo diterna. Inyong langsung mangkat maning ngeterna surat. Inyong di-ngendikani ramane yen surat kuwe masalah yayasan sing lagi ana ontran-ontran. Ana-ana bae, wong yayasan pendidikan arep dikuasani secara pribadi karo oknum yayasan. Liyane bae gelem brayan nyambut gawe dinggo yayasan, eh ana sak keluarga nganggep yayasanne kuwe duweke deweke pribadi. Kepriben kuwe pikirane, kok bisa-bisane arep ngepek aset-e yayasan. Inyonge ra bisa mikir, wong yayasan sing ndirike ana wong pirang-pirang kok malah dianggep duweke pribadi. Mbokyao sadar, kuwe dudu nganggo duwite pribadi dinggo tuku lemah lan mbangun gedung sing magrong-magrong. Kabeh kuwe ya nganggo duwite murid sing tau sekolah. Inyong dadi kelingan naliko bareng lungguh sak bis karo wong sing ngode dadi tukang ning jakarta. Deweke crita pirang-pirang, jerene deweke sing mbangun gedung sing magrong-magrong ning jakarta. Inyonge ngrungokna bae karo mikir, wong deweke tukang kok bisa mbangun dewekan gedung sing magrong-magrong. Apa ora ana kancane sing ngrewangi?.Yen bener kaya kuwe berarti deweke sugih banget lan sekti, bisa tuku material lan mbangun dewekan gedung sing magrong-magrong.
Wong yayasan sing nganggep nduwe yayasan secara pribadi kuwe mungkin mbiyene dadi tukang apa ya?(hehehe). Ananke bae ngomonge kaya kuwe, jere anake, gedunge kuwe sing nggawe ramane lan lemahe sing nduwe ramane. Jelas-jelas jeneng ning sertifikat dudu jenenge ramane kok diaku-aku duweke ramane..(hahaha). Wong sing ngaku-ngaku kuwe ning jeroning ngimpine inyong arep wadul ning polisi arep merkarake liyane ning pengadilan.Jug-jug inyong digugah anake kon tangi, tangi-tangi jebul wis awan..Jebule kabeh kuwe ngimpi...

No comments:

Post a Comment